WARA-WARA
Siswa kelas X, XI, lan XII kang tansah daktresnani,
Sesambetan kaliyan pengetan dinten Pindhidhikan NAsional, pramila para siswa kelas X, XI, lan XII supados nyiagaken kelasipun piyambak-piyambak kangge lomba karesikan tuwin kaendahaning kelas.
Awit saking punika, benjing
dinten : Setu Legi,
surya : 27 Mei 2014
para siswa supados mbekta pirantos kangge gotong-royong damel asri kelasipun piyambak-piyambak.
Mekaten, wara-wara punika. Sageda dipun leksanakaken kanthi saestu.
Semarang, 22 Mei 2014 Waka Humas,
ttd

Wangsulana pitakon ing ngisor iki!
- wara- wara ing dhuwur katujokake marang sapa?
- apa isi wigati wara- wara ing dhuwur?
- sapa sing giyarake wara- wara kuwi?
- tanggal pira wara-wara digiyarake?
- apa tujuan wara-wara sing umum kuwi?
Tidak ada komentar:
Posting Komentar